Pengetan Dinten Kartini
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun, para rawuh
sedaya, khususipun para remaja putri ingkang kawula kurmati.
Saderengipun,
sumangga kita sesarengan muji syukur ing pangarsanipun Gusti ingkang Akarya
Jagad, awit sih nugraha ingkang kaparengaken dhumateng kita sedaya, saengga ing
siang menika kita sedaya saged sesarengan makempal ing papan saha wekdal menika
kanthi raharja mboten kirang satunggal menapa. Salajengipun, kula minangka
ketua panitia penyelenggara pengetan Hari Kartini ngaturaken agenging panuwun
dhumateng panjenengan para rawuh ingkang sampun nglonggaraken wekdal kersa
rawuh undangan ingkang sampun lumantar dhumateng panjenengan sedaya.
Para rawuh sedaya,
sampun kita mangertosi bilih Raden Ajeng Kartini miyos nalika tanggal 21 April
1879 ing Jepara. Pramila ing tanggal 21 April menika kita pangeti minangka
dinten lairipun Raden Ajeng Kartini. Kangge mengeti perjuanganipun Raden Ajeng
Kartini ingkang sampun ngangkat drajatipun wanita Indonesia ngantos saged sami
kaliyan drajating priya. Rikala gesangipun Raden Ajeng Kartini, para wanita
Indonesia tansah wonten ing pingitan. Para wanita mboten dipun keparengaken
sekolah. Boten kepareng gadhah padamelan sami kaliyan priya. Nanging samenika,
para wanita sampun sami drajatipun kaliyan kaum priya. Asil perjuanganing Raden
Ajeng Kartini pranyata saestu saged kaleksanan, samenika sampun kathah para
wanita ingkang lenggah ing jabatan penting dados ketua utawi pemimpin, kados
Ibu Megawati Sukarnoputri Presiden Republik Indonesia ingkang kaping gangsal. Saupami
Raden Ajeng Kartini taksih sugeng temtu remen priksa kawontenan kaum wanita ing
wanci menika. Hak-hakipun, sami kaliyan para priya. Emansipasi ingkang
dipunkersakaken R.A Kartini inggih menika ngagenging haking panggesangan sami
antawisipun priya kaliyan wanita, menawi priya saged sinau ing pawitan luhur,
wanita inggih dipun parengaken. Wanita mboten naming ing pawon.
Para rawuh sedaya
ingkang kula kurmati, menawi para wanita sampun sami nyambut damel kangge
majengaken negari tuwin agami, nanging mboten kesupen wanita gadhah jejibahan
anggulawentah putra ing kulawarga lan ugi makarya minangka tandha darma
bektinipun dhateng negari. Pamung menika ingkang saged kula aturaken, mboten
kesupen kula ngaturaken agunging panuwun, dhumateng para rawuh ingkang sami
nyyengkuyung pangetan menika kanthi biyantu arupi menapa kemawon. mugi sedaya
wau pikantuk piwales ingkang murwat saking Gusti Ingkang Akarya Jagad. Menawi
anggen kula matur wonten kalepatan saha solah bawa ingkang kirang mranani
penggalih panjenengan sedaya, kula nyuwun pangapunten. Nuwun
Wassalamu'alaikum Wr. Wb.
dikutip dari berbagai sumber.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar