Minggu, 18 Januari 2015

KORUPTOR BAKAL JONTOR

KORUPTOR BAKAL JONTOR
Gumun-gumun
Ngaring wong tua sing pada kakehen reka
Ujarku ya asal-muasale pada sekang rakyat biasa
Tapi kenangapa siki tega
Mangani duit negara nggo nyukupi uripe keluarga

Apa rika-rika pada wis ora due duit go tuku uyah
Sampe-sampe ndadekna kantor sawah sung bias aweh rupiah
Apa rika ora isin nggrogoti duit raskin
Ngrampok duite wong miskin

Apa rika malah bangga dadi maling kelas dunia
Sing bisa nongol nang kaca-kaca dunia

Pancen-pancen…
Rika kue pancen wis nglewihi tuna netra
Rika kue pancen wis nglewihi tuna rungu
Riak-rika pada kue kudune di bendu
Di bendu sekang sing aweh wektu
Ben rika-rika pada kaku lan mambu


Eko Yuliansor
Wiyata bakti SD Negeri 3 Canduk UPK LUMBIR


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

 KUMPULAN SOAL FR PPK GELOMBANG 1 SILAHKAN DOWNLOAD DISINI