Minggu, 18 Januari 2015

PUISI BAHASA JAWA

Lunturing tresno


Sayuto tuturing tresno
Ingkang dereng kaucap mboten badhe kaucap
Pengangen-angening ati
ingkang sampun kasimpen ing sajroning ati
sumingkir lir kadio awu
tumetes lir kadio banyu
duh gusti………….
Nopo niki kang kasebat tresno
Werna-wernine kembange ati
Wewangian kang nyimpen duri
Loroning ati mboten saged diobati
Saumpaminipun banyu segoro dados mangsi
Lan dunyo niki dados kertasipun
Mongko bakal tak tulisake
Nopo ingkang dados sebab musababipun
Lunturing tresno

Duh gusti ……….
Seniki kulo pasrah dateng panjenengan
Seniki kulo tampi kanthi ikhlasing penggalih
Nopo ingkang dados garising tresno
Tetesing luh pratondo lunturing tresno
Omoncom 2015

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

 KUMPULAN SOAL FR PPK GELOMBANG 1 SILAHKAN DOWNLOAD DISINI